12 Pangarep-arep kang kasumenekake, gawe sedhihing ati,nanging pepenginan kang katutugan iku wit panguripan.
13 Sing sapa ngremehake pangandika, iku bakal nanggung akibate,nanging sapa kang manut marang prentah, iku bakal tampa piwales.
14 Piwulange wong wicaksana iku sumbering urip,ndadekake wong ora kena ing kalaning pati.
15 Budi kang utama ngolehake sih,nanging dalane wong cidra iku ndadekake cilakaning wong iku.
16 Wong kang prayitna tumindak kanthi kawasisan,nanging wong bodho ngetokake bodhone.
17 Utusan kang duraka iku njalari cilaka,nanging duta kang setya nekakake kuwarasan.
18 Kamlaratan lan pamoyok iku bakal nempuh marang wong kang nglirwakake marang pamerdi,nanging sing sapa nampani pameleh iku kajen.