4 Atine wong kesed iku kebak pepenginan, nanging tanpa guna,balik atine wong sregep iku kaparingan kaluberan.
5 Wong kang bener iku sengit marang goroh,nanging wong duraka iku gawe wirang lan gawe alane awake dhewe.
6 Wong kang lakune saleh iku kareksa dening kabenerane,nanging kang gawe dosa digawe sangsara dening durakane.
7 Ana wong kang sumugih-sugih, nanging ora duwe apa-apa,ana uga kang ethok-ethok miskin, mangka bandhane akeh.
8 Kasugihan iku kanggo nebus nyawane wong,nanging wong miskin ora bakal krungu pangancam.
9 Pepadhange wong bener iku sumorot gumebyar,nanging damare wong duraka bakal mati.
10 Ambek kumingsun iku mung marakake grejegan,nanging wong kang ngrungokake pitutur kadunungan kawicaksanan.