1 Wong wadon kang wicaksana iku mbangun omahe,nanging kang bodho ngrubuhake omahe klawan tangane dhewe.
2 Sing sapa lumaku klawan jujur iku wedi-asih marang Pangeran Yehuwah,nanging kang lakune kesasar iku ngremehake Panjenengane.
3 Ing sajroning cangkeme wong bodho ana penjalin kanggo ing gegere,nanging wong wicaksana iku kareksa dening lambene.
4 Manawa ora ana sapi, uga ora ana gandum,nanging kalawan karosane sapi pametune akeh.
5 Seksi kang setya iku ora goroh,nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh.