22 Apa wong kang ngrantam-rantam piala iku dudu wong nasar?Nanging kang ngrancang kabecikan iku nampani sih lan kasetyan.
23 Angger kangelan mesthi ana pituwase,nanging tembung kang kothong iku mung nuntun marang kacingkrangan thok.
24 Kang dadi makuthane wong wicaksana iku kapinteran,nanging wong gemblung iku mamerake bodhone.
25 Seksi kang setya mitulungi uripe,nanging kang ngucapake goroh iku wong cidra.
26 Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe,malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.
27 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip,temah wong ora kena ing jireting pati.
28 Kamulyane ratu iku marga saka kehing rakyate,nanging tanpa rakyat paprentahan rusak.