26 Ing sajroning wedi-asih marang Sang Yehuwah iku tinemu katentreman kang gedhe,malah Pangeran Yehuwah iya dadi pangayoman tumrap para putrane.
27 Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sumbering urip,temah wong ora kena ing jireting pati.
28 Kamulyane ratu iku marga saka kehing rakyate,nanging tanpa rakyat paprentahan rusak.
29 Wong kang sabar iku gedhe pangretene,nanging wong kang gampang nepsu iku nggedhekake kabodhoan.
30 Ati kang sareh iku nyegerake awak,nanging watak drengki iku ngroposake balung.
31 Sing sapa nindhes wong apes, iku ngremehake marang Kang Nitahake,nanging sapa kang welas marang wong miskin, iku ngurmati Panjenengane.
32 Wong duraka bakal dirubuhake marga saka pialane,dene wong bener oleh pangungsen marga saka tulusing atine.