4 Manawa ora ana sapi, uga ora ana gandum,nanging kalawan karosane sapi pametune akeh.
5 Seksi kang setya iku ora goroh,nanging kang ngucapake cidra iku seksi goroh.
6 Wong ambek memoyok golek kawicaksanan ora oleh,nanging wong kang limpad ing budi, gampang oleh kawruh.
7 Ngedohana wong gemblung,marga lambene ora bakal nglairake kawasisan.
8 Kang dadi kawicaksanane wong pinter iku anggone ngreti marang dalane dhewe,nanging wong bodho iku diapusi dening bodhone.
9 Wong bodho moyoki marang kurban panebuse,nanging wong jujur padha wales-winales ing kabecikan.
10 Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe,dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane.