1 Wangsulan kang sareh nglejarake nepsu,nanging tembung sengak nuwuhake kanepson.
2 Ilate wong wicaksana nglairake kawasisan,nanging cangkeme wong gemblung ngluberake kabodhoan.
3 Tingale Pangeran Yehuwah iku nyrambahi ing saenggon-enggon,nguningani wong ala lan wong becik.
4 Ilat kang sareh iku wit panguripan,nanging ilat cidra gawe tatuning ati.
5 Wong bodho nampik pamerdine bapakne,nanging kang gelem nampani pameleh iku wicaksana.