3 Sakehing panggawemu pasrahna marang Pangeran Yehuwah,temah sakehe rancanganmu bakal kelakon.
4 Pangeran Yehuwah anggone nitahake samubarang iku kanthi tujuane dhewe-dhewe,malah wong duraka iku kapesthekake kanggo dinane bilai.
5 Sing sapa lumuhur-luhur iku nistha tumraping Pangeran Yehuwah,sanyata, wong iku ora bakal mlesed saka ing paukuman.
6 Katresnan lan kasetyan iku njalari dosa kaapura,sarta wedi-asih marang Sang Yehuwah iku margane wong ngedohi piala.
7 Manawa ana wong kang lakune ndadekake keparenge Sang Yehuwah,iku dalasan satrune iya dirukunake karo wong mau.
8 Luwih becik pametu sathithik klawan kabeneran,tinimbang pametu akeh tanpa kaadilan.
9 Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane,nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.