3 Samangsa duraka iku teka, tindak ngremehake uga teka ngetutake,sarta cacad iku dibarengi pamoyok.
4 Tembunging cangkeme wong iku kaya banyu kang jero,nanging sumber kawicaksanan, iku kaya kali kang mili.
5 Ora becik ngeloni wong duraka,kalawan nampik wong bener ana ing pangadilan.
6 Lambene wong gemblung njalari pasulayan,sarta cangkeme bengak-bengok njaluk digitiki.
7 Wong gemblung nemahi karusakan marga saka cangkeme,sarta lambene dadi kala tumrap nyawane.
8 Tembunge wong mitenah iku kaya panganan kang enak-enak,kang lumebu ing sajroning ati.
9 Wong kang kesed sajroning nindakake pagaweane,iku wus dadi sadulure juru pangrusak.