1 Luwih becik wong miskin kang kelakuane resik,tinimbang karo wong cidra lambene lan gemblung.
2 Tanpa kawruh kasregepan uga ora maedahi,sarta kang kesusu iku bakal kleru jangkahe.
3 Kabodhoane wong nasarake lakune,nuli ngundhamana marang Pangeran Yehuwah.
4 Kasugihan ngolehake mitra akeh,nanging wong mlarat, ditinggal mitrane.
5 Seksi goroh mesthi bakal nampani paukuman,sarta wong kang ngucapake cidra ora bakal oncat saka ing paukuman.
6 Akeh wong kang nyanak marang wong kang luber atine,lan saben wong kepengin dadi mitrane wong kang dhemen weweh.
7 Wong miskin iku kasengitan dening sadulure kabeh,apa maneh mitrane, mesthi padha ngedohi,dioyak klawan diceluki,ewasamono wus padha ora katon.