14 kang seneng nindakake piala,sarta surak-surak marga saka kadursilane;
15 kang menggak-menggok lakunelan kang keblinger tindak-tanduke;
16 karomaneh supaya kowe uwal saka wanita tuna-susila,lan wong wadon liyane kang lunyu tembung-tembunge,
17 kang ninggal bojone jaka-lara,sarta lali marang prasetyane Gusti Allah;
18 lan omahe ilang ambles marang pati,sarta dalane anjog ing papaning arwah-arwah.
19 Sapa kang marani wong iku, ora bisa bali,lan ora bisa tumeka ing dalaning urip.
20 Mulane lumakua ing dalane wong kang becik,nirua lakune wong mursid.