2 temah kupingmu nggatekake marang kawicaksanan,sarta atimu kokadhepake marang kapinteran,
3 lan manawa kowe njaluk tulung marang pangreten,lan ngenerake swaramu marang kapinteran,
4 manawa iku kokupaya kaya golek salaka,lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem,
5 kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwahlan oleh kawruh bab Gusti Allah.
6 Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan,saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran.
7 Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, --Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad --
8 kambi njagi lakuning kaadilan,lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya.