4 manawa iku kokupaya kaya golek salaka,lan pangoyakmu kaya mburu rajabrana kapendhem,
5 kowe tumuli bakal nemu pangreten bab wedi-asih marang Pangeran Yehuwahlan oleh kawruh bab Gusti Allah.
6 Awitdene Sang Yehuwah kang paring kawicaksanan,saka ing lesane miyos kawruh lan kapinteran.
7 Panjenengane nyawisi pitulungan marang wong kang jujur, --Panjenengane iku dadi tetamenge para wong kang lakune tanpa cacad --
8 kambi njagi lakuning kaadilan,lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya.
9 Mangkono dadine kowe bakal ngreti bab kabeneran, kaadilan,lan kejujuran, malah sarupane dalan kang becik.
10 Awitdene kawicaksanan bakal lumebu ing atimusarta kawruh iku bakal nyenengake nyawamu;