3 Sapa kang ngedohi tukar-padu iku patut diurmati,nanging saben wong bodho nguja kanepsone.
4 Ing mangsa bedhidhing wong kesed ora gelem mluku,manawa ing mangsa panen tanpa gawe anggone golek pametune lemah.
5 Rancangan kang ana ing atine manungsa iku kaya banyu kang jero,ewasamono wong kang pinter bisa ngangsu.
6 Akeh wong kang ngarani awake dhewe becik,nanging wong kang setya iku sapa kang nemu?
7 Wong bener kang lakune jujur,iku turune padha rahayu.
8 Ratu kang lenggah ing kursi pangadilan,kalawan tingale bisa mirsani sakehe piala.
9 Sapa kang bisa ngucap: “Aku wus ngresiki atiku,wus lebur sakehing dosaku?”