12 Kang Mahaadil ngyektosi omahe wong duraka,lan njorogake wong duraka mau marang ing bilai.
13 Sing sapa nutupi kupinge marang pasambate wong mlarat,manawa sambat-sambat dhewe, ora bakal disembadani.
14 Paweweh klawan sidheman nglilihake nepsu,lan atur-atur kang srana dhedhemitan nyirep nepsu kang nggegirisi.
15 Nindakake kaadilan iku dadi kesenengane wong bener,nanging gawe wedine wong kang tumindak ala.
16 Wong kang nyimpang saka dalane akal-budi,iku bakal leren ana ing panggonan nglumpuke para arwah.
17 Wong kang dhemen sukan-sukan bakal nandhang kacingkrangan,sarta kang karem anggur lan lenga ora bakal bisa sugih.
18 Wong duraka iku kanggo tebusane wong bener,kang cidra kanggo lirune kang jujur.