2 Saben wong ngarani dalane dhewe iku lenceng,nanging Sang Yehuwah kang neter ati.
3 Nindakake kabeneran lan kaadilaniku anggone gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah ngluwihi kurban.
4 Mripat kang kumlungkung lan ati kang gumunggung,kang dadi damare wong duraka, iku dosa.
5 Rancangane wong sregep iku nekakake kaluberan,nanging saben wong kang gugupan iku mung bakal ngalami kacingkrangan.
6 Oleh kasugihan srana ilat cidraiku barang kang tanpa guna, kang sirna saka wong kang ngupaya pati.
7 Wong duraka padha diseret dening panganiayane dhewe,marga padha lumuh nindakake kaadilan.
8 Dalane juru apus iku menggak-menggok,nanging wong jujur iku jejeg tindake.