22 Wong wicaksana bisa ngunggahi kuthane para pahlawan,sarta ngrubuhake balowarti kang dadi andel-andele.
23 Sing sapa njaga cangkem lan ilate,dadi ngreksa awake, uwal saka ing kerubedan.
24 Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok,solah-tingkahe kumethak ngleluwihi.
25 Wong kesed dipateni dening pepenginane dhewe,marga tangane lumuh nyambut gawe.
26 Kamelikan iku sadina-dina tansah melik,balik wong bener iku weweh tanpa wates.
27 Kurban sesaosane wong duraka iku jember,luwih maneh manawa anggone nyaosake kanthi sedya ala.
28 Seksi goroh bakal sirna,nanging wong kang ngrungokake bakal ajeg micara.