1 Pilih jeneng kang becik tinimbang karo kasugihan gedhe,luwih becik nampani katresnan katimbang oleh salaka lan mas.
2 Wong sugih lan wong mlarat padha papagan,sakaro-karone Pangeran Yehuwah kang nitahake.
3 Wong wicaksana manawa nyumurupi anane bilai, banjur ndhelik,balik wong ora duwe pangalaman terus bae lakune, temah ngalami kasangsaran.
4 Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar,kasugihan, kaluhuran lan urip.
5 Eri lan kala ana ing dalane wong kang atine culika,sing sapa kepengin njaga awake, iku ngedohi wong mau.
6 Wong anom iku gulawenthahen manut dalan kang laras tumrap dheweke,samangsa wus tuwa ora bakal nyleweng saka dalan iku.