21 awit wong karem ngombe lan seneng mangan iku bakal nemahi kamlaratan,lan ngantuk njalari nggombal.
22 Rungokna pituture bapakmu kang nganakake kowe,lan aja nyepelekake biyungmu samangsa wus tuwa.
23 Tukua kabeneran lan aja kokedol maneh,mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan.
24 Bapakne wong kang bener iku bakal giyak-giyak,sarta sapa kang nglairake wong wicaksana iku bakal abungah-bungah.
25 Kareben bapa lain biyungmu padha bungah,lan kang nglairake kowe cikben agiyak-giyak.
26 He anakku, atimu wenehna marang aku,sarta mripatmu cikben seneng marang dalan-dalanku.
27 Awit wong wadon tuna-susila iku jugangan kang jero,lan wong wadon lenjeh iku sumur kang ciyut.