4 Aja ngaya pangudimu supaya bisa dadi sugih,tinggalen karepmu kang mangkono iku;
5 marga yen kokwaspadakake, banjur sirna,awitdene iku dumadakan nganggo swiwikaya manuk garudha kang banjur mabur ing akasa.
6 Aja mangan pangane wong cethil,lan aja melik marang pangane kang enak-enak,
7 awit kaya wong kang ngetung-etung ing sajroning atine,iya kaya mangkono iku wong mau.Pangucape marang kowe: “Mangana lan ngombea!”Nanging atine ora seneng marang kowe.
8 Saemplokan olehmu mangan bakal kokutahake,lan sakehing tembungmu kang alus iku kokbuwang tanpa tanja.
9 Aja guneman ana ngarepe wong gemblung,marga iku bakal ngremehake tuturmu kang patitis.
10 Aja ngelih tenger watese lemah kang lawas,lan aja lumebu ing pategalane bocah lola.