7 awit kaya wong kang ngetung-etung ing sajroning atine,iya kaya mangkono iku wong mau.Pangucape marang kowe: “Mangana lan ngombea!”Nanging atine ora seneng marang kowe.
8 Saemplokan olehmu mangan bakal kokutahake,lan sakehing tembungmu kang alus iku kokbuwang tanpa tanja.
9 Aja guneman ana ngarepe wong gemblung,marga iku bakal ngremehake tuturmu kang patitis.
10 Aja ngelih tenger watese lemah kang lawas,lan aja lumebu ing pategalane bocah lola.
11 Awitdene kang nebus iku santosa,Pangeran kang mbelani prakarane nglawan marang kowe.
12 Migatekna marang panggulawenthah,lan kupingmu telingna marang tembung-tembung kang isi kawruh.
13 Aja nglirwakake pamerdi marang anak,iku manawa kokgitik nganggo penjalin ora ndadekake patine.