1 Iki uga wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman kang diklumpukake dening para abdine Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda.
2 Kaluhurane Gusti Allah iku nyimpen prakara kayadene wadi,nanging kaluhurane para ratu iku niti-priksa prakara.
3 Sapira dhuwure langit lan jerone bumi,kaya mangkono panggalihe para ratu iku anggone ora kena dijajagi.
4 Taine salaka singkirna,temah kemasan bisa oleh barang kang kagawe piranti.
5 Wong duraka singkirna saka ing ngarsaning ratu,temah dhampare kasantosakake dening kabeneran.
6 Aja pamer ana ing ngarsaning ratu,utawa ngadeg ana ing papane para panggedhe.
7 Awit luwih becik kowe kadhawuhan mangkene: “Mrenea majua ing dhuwur kene!”Tinimbang karo dikon mundur, pinirsanan dening para luhur.Apa mripatmu ndeleng,