12 Pepelinge wong wicaksana iku tumrap kuping kang nilingake,kaya ali-ali mas utawa pasren mas murni.
13 Kaya anyepe salju ing mangsa panen,kaya mangkono kongkonan kang temen lan setya tumrape kang ngongkon,awit nyegerake atine lurahe.
14 mendhung lan angin kang tanpa udan,kaya mangkono iku wong kang ngumukake ganjaran kang ora tau ditampani.
15 Para pangwasa bisa diyakinake srana kasabaran,ilat kang alus ngremukake balung.
16 Manawa kowe oleh madu, mangana sacukupe,aja nganti kewaregen, temah banjur kokutahake.
17 Aja kekerepen sanja ing omahe pepadhamu,supaya wong iku aja nganti bosen, banjur sengit marang kowe.
18 Wong nglairake paseksi goroh tumrap pepadhane,iku upamane kaya gada utawa pedhang lan panah kang landhep.