4 Taine salaka singkirna,temah kemasan bisa oleh barang kang kagawe piranti.
5 Wong duraka singkirna saka ing ngarsaning ratu,temah dhampare kasantosakake dening kabeneran.
6 Aja pamer ana ing ngarsaning ratu,utawa ngadeg ana ing papane para panggedhe.
7 Awit luwih becik kowe kadhawuhan mangkene: “Mrenea majua ing dhuwur kene!”Tinimbang karo dikon mundur, pinirsanan dening para luhur.Apa mripatmu ndeleng,
8 aja kesusu anggonmu tumindak gawe prakara ana ing pangadilan,awit ing wekasane apa kang kena koktindakake,manawa lawanmu wus ndadekake wirangmu?
9 Belanana prakaramu karo lelawananmu,nanging aja ngeler wewadining liyan;
10 supaya kowe aja nganti diwewada dening kang padha krungu,temah kawiranganmu ora bakal bisa ilang.