1 Kaya tumibane salju ing mangsa panas lan tibane udan ing mangsa panen,kaya mangkono wong gemblung ora patut diurmati.
2 Kayadene manuk emprit mabur nggeblas, utawa kaya manuk sriti mabur kalangan,iya mangkono ipat-ipat kang tanpa sabab ora bakal tumama.
3 Cemethi iku tumrap ing jaran, kendhali tumrap ing kuldi,lan gebug tumrap gegere wong gemblung.
4 Anggonmu mangsuli marang wong gemblung aja manut kabodhoane,supaya kowe dhewe aja dadi pepadhane wong iku.
5 Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane,supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis.
6 Sing sapa kongkonan wong gemblung,iku ngethok sikile dhewe lan ngombe kacilakan.