3 Cemethi iku tumrap ing jaran, kendhali tumrap ing kuldi,lan gebug tumrap gegere wong gemblung.
4 Anggonmu mangsuli marang wong gemblung aja manut kabodhoane,supaya kowe dhewe aja dadi pepadhane wong iku.
5 Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane,supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis.
6 Sing sapa kongkonan wong gemblung,iku ngethok sikile dhewe lan ngombe kacilakan.
7 Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung,iku kaya sengklehing sikile wong lumpuh.
8 Kayadene watu kang katalenan ing bandhil,iya kaya mangkono wong kang ngurmati wong gemblung.
9 Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung,iku prasasat eri kang tumancep ing tangane wong mendem.