1 Aja ngalembana awakmu dhewe marga saka dina sesuk,awit kowe ora sumurup apa kang bakal kelakon ing dina iku.
2 Kareben wong liya kang ngalem marang kowe, aja cangkemmu dhewe,utawa kang dudu kawanuhanmu, aja lambemu dhewe.
3 Watu pancen anteb, wedhi iya ana bobote,nanging kang luwih abot tinimbang iku, yaiku nandhang serik marga saka wong bodho.
4 Panasing ati iku daksiya, lan nepsu iku ngamuk,nanging sapa kang kuwat nyangga butarepan?
5 Becik pameleh kang terus terang,tinimbang katresnan kang sinidhem.