8 Wong kang nglembara ninggal omahe,iku kaya manuk kang mabur ninggal susuhe.
9 Lenga lan ganda arum iku mbingarake ati,nanging kasusahan iku njuwing-njuwing nyawa.
10 Aja ninggal mitramu sarta mitrane bapakmu,lan ing dina karibedanmu aja marani ing omahe sadulurmu,becik nekani tangga kang cedhakkatimbang sadulur kang adoh.
11 He anakku, dipinter, gawea bungahing atiku,supaya aku bisa mangsuli marang wong kang memada aku.
12 Manawa wong kang prayitna nyumurupi bilai, banjur umpetan,nanging kang ora duwe pangalaman terus bae, temah tinempuh ing bilai.
13 Sandhangane wong kang nanggung wong liya iku jupuken,sarta tahanen, kanggo cekelan tumrap wong liya mau.
14 Sing sapa ing wayah esuk umun-umun aweh salam marang pepadhane klawan swara banter,iku kaanggep ipat-ipat.