1 Wong duraka mlayu sanadyan ora ana kang ngoyak-oyak,nanging wong bener rumangsa tentrem kaya singa nom.
2 Marga saka anane pambrontakan ing sawijining nagara, akeh kang nyekel pangwasa,ewasamono marga saka anane wong kang mawa budi lan kadunungan kawruh, angger-angger tetep ana.
3 Wong mlarat kang nindhes wong sekeng,iku kaya udan deres, nanging ora ngolehake rejeki.
4 Para wong kang nyepelekake angger-angger, iku padha ngalem marang wong duraka,nanging kang netepi angger-angger padha nglawan marang wong kang mangkono iku.
5 Wong ala ora ngreti adil,nanging wong kang ngupaya marang Sang Yehuwah iku ngreti samubarang.
6 Becik wong miskin kang watake resik,tinimbang wong culika, sanadyana sugih.
7 Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter,nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne.