7 Sapa kang netepi angger-angger iku anak kang pinter,nanging kang srawungan karo wong kang murka iku gawe isine bapakne.
8 Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake,iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.
9 Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger,iku pandongane uga nistha.
10 Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala,iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe,nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.
11 Wong sugih rumangsa pinter,nanging wong miskin kang mawa budi niteni wong sugih mau.
12 Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana,nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan.
13 Sing sapa ndhelikake panerake ora bakal begja,nanging kang ngakoni lan ngunduri iku oleh sih-mirma.