1 Wong kang ngakokake githok, sanadyan wus diwelehake,iku bakal diremuk dadakan lan ora bisa dipulihake maneh.
2 Samangsa cacahe wong bener mundhak akeh, rakyat bungah,nanging manawa wong duraka nyekel pangwasa, rakyat sambat.
3 Wong kang tresna marang kawicaksanan, iku ndadekake bungahe bapakne,nanging kang srawungan karo wong wadon tuna-susila iku ngebreh-ebreh bandhane.
4 Sarana kaadilan ratu anggone nyantosakake nagarane,nanging kang kakehan anggone narik pajeg ndadekake ambruke.
5 Sing sapa ngonggrong-onggrong pepadhane,iku masang jiret ana ing ngarepe sikile.