17 Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu,malah aweh kabungahan marang nyawamu.
18 Manawa ora ana wangsit, rakyat dadi urakan,rahayu wong kang netepi angger-angger.
19 Rewang ora bisa diperdi mung klawan tembung thok,marga sanadyana ngreti, nanging ora nindakake.
20 Kowe weruh wong kang gumampang ngetokake tetembungan;wong gemblung pangarep-arepe luwih akeh katimbang wong iku.
21 Sing sapa nguja rewange wiwit enom,wekasane malah ndadekake rewang mau kaduk-wani.
22 Wong kang gampang nepsu nukulake tukar-padu,sarta wong brangasan akeh panerake.
23 Watek angkuh njalari asoring awak,nanging kang andhap-asor iku oleh pangalem.