3 Wong kang tresna marang kawicaksanan, iku ndadekake bungahe bapakne,nanging kang srawungan karo wong wadon tuna-susila iku ngebreh-ebreh bandhane.
4 Sarana kaadilan ratu anggone nyantosakake nagarane,nanging kang kakehan anggone narik pajeg ndadekake ambruke.
5 Sing sapa ngonggrong-onggrong pepadhane,iku masang jiret ana ing ngarepe sikile.
6 Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe,nanging wong bener iku bakal bungah-bungah lan sukarena.
7 Wong bener nyumurupi wewenange wong sekeng,nanging wong duraka padha ora ngreti.
8 Wong ambek memoyok ngisruhake kutha,nanging wong wicaksana padha ngendhakake nepsu.
9 Wong wicaksana manawa prakaran karo wong bodho,wong bodho mau ngamuk lan gumuyu, temah rame.