6 Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe,nanging wong bener iku bakal bungah-bungah lan sukarena.
7 Wong bener nyumurupi wewenange wong sekeng,nanging wong duraka padha ora ngreti.
8 Wong ambek memoyok ngisruhake kutha,nanging wong wicaksana padha ngendhakake nepsu.
9 Wong wicaksana manawa prakaran karo wong bodho,wong bodho mau ngamuk lan gumuyu, temah rame.
10 Wong kang ngorong marang wutahing getih, padha sengit marang wong saleh,nanging wong jujur padha ngupaya kaslametane.
11 Wong gemblung nguja sakehe kanepsone,nanging wekasane wong wicaksana kang ngendhakake.
12 Manawa wong kang mrentah ngrungokake tembung doracara,para punggawane padha dadi wong duraka.