1 He anakku, aja lali marang piwulangku,sarta atimu ngopenana sakehing pepakonku,
2 amarga umur dawa lan urip nganti tuwa,apadene katentreman bakal kawuwuhake marang kowe.
3 Katresnan lan kasetyan muga aja nganti ninggal kowe,iku kalungna ing gulumu, catheten ana ing papaning atimu;
4 temah kowe bakal oleh sih lan dadi kajenana ing ngarsane Gusti Allah lan ana ing ngarepe manungsa.