18 Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekelsarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja.
19 Klawan kawicaksanan Sang Yehuwah anggone nalesi bumi,sarta anggone netepake langit kalawan pangreten,
20 marga saka kawasisane Gusti Allah, banyuning sagara dipencarake,lan mendhung netesake ebun.
21 He anakku, panglimbang lan kawicaksanan aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu,iku simpenen,
22 iku bakal dadi uripe nyawamu,lan minangka rerenggane gulumu.
23 Lakumu ana ing dalanmu bakal slamet,lan sikilmu ora bakal kesandhung.
24 Samangsa kowe turon, bakal ora kaget,nanging bisa leyeh-leyeh lan turu kepenak.