22 iku bakal dadi uripe nyawamu,lan minangka rerenggane gulumu.
23 Lakumu ana ing dalanmu bakal slamet,lan sikilmu ora bakal kesandhung.
24 Samangsa kowe turon, bakal ora kaget,nanging bisa leyeh-leyeh lan turu kepenak.
25 Aja wedi marang pagiris kang tekane dadakan,utawa marang karusakane wong duraka, samangsa nekani.
26 Awitdene Sang Yehuwah kang bakal dadi andel-andelmu,lan kang bakal rumeksa marang sikilmu supaya aja nganti kejiret.
27 Aja nggondheli kabecikan marang wong kang wenang nampani,mangka kowe bisa tumindak mangkono.
28 Kowe aja nyelathoni pepadhamu: “Lungaa, lan balia,sesuk bakal dakwenehi,” mangka nyatane kowe duwe apa kang dijaluk.