4 temah kowe bakal oleh sih lan dadi kajenana ing ngarsane Gusti Allah lan ana ing ngarepe manungsa.
5 Kumandela marang Pangeran Yehuwah klawan gumolonging atimu,lan aja sumendhe marang pangretenmu dhewe.
6 Ing salaku-lakumu ngakonana Panjenengane,temah Panjenengane bakal nglencengake dalanmu.
7 Aja rumangsa pinter dhewe,wedi lan asiha marang Sang Yehuwah lan ngedohana piala,
8 iku kang bakal marasake awakmu,sarta nyegerake balung-balungmu.
9 Pangeran Yehuwah luhurna kalawan bandhamulan srana kawitaning sakehe pametumu;
10 temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber,lan pamipitanmu luber anggure.