19 yaiku: lakune manuk garudha ing awang-awang,lakune ula ana ing parang,lakune prau ana ing tengahe sagara,sarta lakune wong lanang karo prawan.
20 Lakune wong wadon bedhang iku mangkene:dhisike mangan, banjur ngusapi cangkeme,nuli ngucap: Aku ora nglakoni ala.
21 Ana telung prakara kang ndadekake bumi horeg,malah patang prakara kang ndadekake ora betahe:
22 marga batur tukon manawa dadi ratu,marga wong gemblung manawa kewaregen,
23 marga wong wadon kang ora disenengi ing wong manawa oleh bojo,apadene marga rewang wadon kang ngesur kalenggahane bendarane putri.
24 Ing bumi ana kewan papat kang cilik dhewe,nanging kang cukat banget:
25 semut iku golongan kang ora rosa,nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan,