1 Iki pangandikane Sang Prabu Lemuel, ratu ing Masa,kang diwulangake dening kang ibu marang panjenengane.
2 He anakku, anak kang daklairake, anaking punagiku,apa kang bakal daktuturake marang kowe?
3 Kekuwatanmu aja kokwenehake marang wong wadon,mangkono uga lakumu, marang para wong wadon kang ndadekake rusake para ratu.
4 He Lemuel, ora pantes kanggone para ratu,ora patut para ratu manawa ngunjuk anggur,utawa para panggedhe manawa mundhut minuman keras.
5 Aja nganti marga saka anggone ngunjuk mau, banjur nglirwakake apa kang wus katetepake,lan ndhoyongake wewenange wong-wong kang katindhes.