16 Bisa tuku pategalan, kang dikarepake,pituwasing tangane kanggo wragad nanduri pakebonan anggur.
17 Bangkekane disabuki karosan,lengene dikuwatake.
18 Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake,yen bengi damare ora mati.
19 Tangane ditumpangake ing jantra,drijine nyekel onthelane.
20 Tangane diulungake marang wong kang katindhes,ngulurake tangane marang wong mlarat.
21 Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju,marga wong saomah padha manganggo rangkep.
22 Gawe babut kanggo awake dhewe,pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.