18 Dheweke sumurup, manawa pametune nguntungake,yen bengi damare ora mati.
19 Tangane ditumpangake ing jantra,drijine nyekel onthelane.
20 Tangane diulungake marang wong kang katindhes,ngulurake tangane marang wong mlarat.
21 Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju,marga wong saomah padha manganggo rangkep.
22 Gawe babut kanggo awake dhewe,pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.
23 Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha,samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.
24 Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol,sarta masrahake sabuk marang para wong dagang.