13 Manuta marang pamerdi, aja kokeculake,iku reksanen, marga iya iku uripmu.
14 Aja ngambah dalane wong duraka,lan aja tumapak ing lurunge wong ala.
15 Dalan iku dohana, aja metu ing kono,nyimpanga lumakua terus,
16 awit wong iku padha ora bisa turu,yen durung nindakake piala, ngantuke ilang,yen durung gawe kesandhunge wong;
17 awit padha mangan roti pametuning duraka,sarta ngombe anggur pametune ambek siya.
18 Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk,kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.
19 Dalane wong duraka iku kaya pepeteng,padha ora sumurup apa kang marakake kesandhung.