23 Atimu reksanen kanthi waspada,awit iku etuking panguripan.
24 Cangkem kang cidra singkirna saka ing awakmu,lan lambe kang kablinger buwangen kang adoh.
25 Mripatmu kareben terus mandeng mangarep,lan pandelenge mripatmu tansah katujokna mangarsa.
26 Metua ing dalan kang rata,sarta sakehe lakumu diajeg.
27 Aja menggok mangiwa utawa manengen,sikilmu edohna saka ing piala.