15 Kowe ngombea banyu ing kulahmu dhewe,ngombea saka ing sumurmu kang ngumbul.
16 Apa pantes manawa sumbermu luberkaya kalen-kalen menyang ing ara-ara.
17 Iku mung dadia duwekmu dhewe,aja nganti ana wong kang melu nduweni.
18 Sendhangmu muga diberkahana,bungaha karo somahmu jaka-lara.
19 Menjangan kang manis, kidang kang ayumuga susune iku tansah maremake kowe,muga katresnane iku kang ngenyutake kowe.
20 He anakku, yagene kowe nganti kepencut marang wong wadon tuna-susila,lan ngrangkul dhadhane wong wadon liya?
21 Amarga Pangeran Yehuwah ora kasamaran marang sakehe tumindake wong,sarta mirsani sakehing pratingkahe manungsa.