2 supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan,lan lambemu ngemota kawasisan.
3 Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu,lan cethake lunyu ngungkuli lenga;
4 nanging wekasane pait kaya rempelu,lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen,
5 tumapaking dlamakane mudhun menyang pati,jangkahe anjong marang jagading wong mati.
6 Lakune ora metu ing dalaning urip,lakune nasar ora kanthi disumurupi.
7 Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku,aja nyimpang saka pituture cangkemku.
8 Lakumu ngedohana wong wadon mau,lan aja nyedhaki lawanging omahe,