5 tumapaking dlamakane mudhun menyang pati,jangkahe anjong marang jagading wong mati.
6 Lakune ora metu ing dalaning urip,lakune nasar ora kanthi disumurupi.
7 Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku,aja nyimpang saka pituture cangkemku.
8 Lakumu ngedohana wong wadon mau,lan aja nyedhaki lawanging omahe,
9 supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya,lan umurmu marang kang ambek siya;
10 supaya wong liya aja nganti maregi awake srana kasugihanmu,lan pituwasing kangelanmu aja nganti tumiba marang wong kang ora kokwanuhi,
11 lan ing wekasane kowe bakal sambat-sambat,yen daging lan awakmu padha rusak kabeh;