2 manawa kowe kejiret ing tembungmu dhewe,kena kala ing tembunge cangkemmu dhewe,
3 nuli, he anakku, tumindaka mangkene, lan ngluwarana awakmu,marga kowe wus tumiba ing regemane pepadhamu,lungaa, jengkenga, lan njaluka kawelasan kalawan banget marang pepadhamu iku,
4 aja ngolehake mripatmu ngliyep,lan tlapukanmu aja oleh ngantuk,
5 awakmu luwarana kaya menjangan saka ing tangane wong mbebedhag,kaya manuk saka ing tangane kang mikat.
6 He wong kesed, maranana semut,lakune titenana lan dadia pinter.
7 Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin,ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,
8 iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas,lan tandho pangan ing mangsa panen.