4 aja ngolehake mripatmu ngliyep,lan tlapukanmu aja oleh ngantuk,
5 awakmu luwarana kaya menjangan saka ing tangane wong mbebedhag,kaya manuk saka ing tangane kang mikat.
6 He wong kesed, maranana semut,lakune titenana lan dadia pinter.
7 Sanadyan semut iku ora ana kang mimpin,ora ana kang ngatur lan ora ana kang manggedheni,
8 iya padha keklumpuk rejeki ing mangsa panas,lan tandho pangan ing mangsa panen.
9 He wong kesed, nganti pira lawase anggonmu klemahan,besuk apa anggonmu tangi turu?
10 “Turu sadhela engkas, ngantuk sadhela engkas,nekuk tangan arep nglegeyeh sadhela engkas.”