1 He anakku, estokna pituturku,sarta pepakonku simpenen ing atimu.
2 Pepakonku gugunen, temah kowe bakal urip,lan wulangku emi-eminen kaya maniking mripatmu.
3 Talenana kabeh iku ing drijimu,sarta tulisana ana ing papaning atimu.
4 Kawicaksanan iku celathonana: “Kowe iku sadulurku,”lan pangreten iku anggepen sanakmu,